Uryooooooo................
Dr. V j (diwaca :
Doktor Vije) iki jeneng group band sing niate main aliran Reggae, ning
berhubung satu dan lain hal jebul munine kaya ngene, ya wis ora papa diarani
bae Reggae ala Dr. V j.
Personil Dr. V j iki
gur wong papat : Ridlo si tukang nabuh bedug inggris, Sibim
tukang
nyonthong karo mboar-mboar nyambi ngrytem, Amin
gaweane
mbetotti bass karo mipil ngewangi nyonthong, Apip
kejatah
pahalan gawe melody nek agi bingung ahire ndobeli ngrytem. Jan-jane garep
ditambahi Nanang kon mejeti kibod
ning berhubung wonge urung kober agi sibuk mulang ngaji karo tahlilan, ahire
wong 4 tok pahan dipit.
D'lisen kuwe jeneng kampung
nang nggunung lewang-lewung panggonane personil-personil pada macul, ngode nggo
tuku upa. Rasta dinggo nengeri nek iki band Reggae, senajan
nganggo jeneng Rasta ning personile ora ana sing nganut aliran Rastafari, kabeh
100% Islam sejati udu Islam KTP, yaqin kuwe. Van Djava
secara
harfiah anu bahasa landha tah mboh apa artine kuwe, sing jelas tujuane garep
ngomong iki Reggae sing asale sekan nJawa.
Terus
ana istilah maning Jamaah
Rasta ,
kuwe komunitase cemedis-cemedis D'lisen sing belan doyanen
karo Reggae.
0 komentar:
Posting Komentar